Anoman Dhuta :D




Anoman Dhuta
          Dewi Shinta diboyong dening Rahwana utawa Dasamuka kang lunyu ilate menyang Kraton Ngalengka diraja. Dewi Shinta dipapanake ing Taman Keputren. Sang Dewi ora gelem mangan lan ngombe, mulane awake kuru aking. Rambute kang dawa katon kaya gimbal amarga suwe ora adus. Kabeh iku katindakake supaya Rahwana ora kayungyung maneh marang sang Dewi. Lunga menyang ngendi wae, Dewi Shinta tansah nyangking cundrik utawa keris cilik kanggo njaga kaslametane. Sawektu-wektu Rahwana diraja nggadho ati lan teka arep ngrudhapeksa, Shinta bakal mati suduk slira utawa bunuh diri. Amarga dheweke anyel
            Ing Taman mau, Dewi Trijatha kang bisa ngelipur Shinta supaya gelem mangan. Dewi Trijatha putrane Gunawan Wibisana. Gunawan Wibisana iku adhine Dasamuka. Mula sejatine, Dewi Trijatha iku ponakane Rahwana. Dewi Trijatha ayu lan alus bebudeni, ora kaya buta Ngalengka. Upama ora ana Dewi Trijatha, Dewi Shinta wes suduk slira. Kanthi anane Dewi Trijatha, Shinta dadi jembar segarane. Shinta dadi ora sido suduk slira utawa bunuh diri.
            Kacarita, Sri Ramawijaya, yaiku garwane Dewi Shinta kasil dadi ratu lan angratoni bangsane kethek wanara saka Kraton Kethek Guwa Kiskendha andhahane lan wadya balane Sugriwa. Salah sijine dina, Ramawijaya saperlu golek sisik melik utawa mata-mata ngenani kaanane Dewi Shinta. Kang diutus Prabu Ramawijaya utawa dadi dhutane Prabu Sri Ramawijaya ya sejatine garwane Dewi Shinta yaiku Kethek Putih kang aran Anoman.
            Anoman banjur lunga menyang Taman Keputren. Ing kana, dheweke bisa nemoni Dewi Shinta lan Dewi Trijatha, malah bisa ngaturake ali-ali saka Sri Rama menyang Dewi Shinta. Sawise oleh sisik melik lan kaanan liane, Anoman banjur bali. Nanging nalika arep bali, konangan prajurit Alengkadiraja, lan dirangket nuli disowanake marang Prabu Rahwana. Dening Rahwana, Anoman oleh paukuman, yaiku bakal diobong ing alun-alun Ngalengka. Ngadhepi kaanan kang koyo mau, Rewandaseta utawa Kapiseta tatag tanggon marang miris, tanpa wedi batine. Ing batine, kabeh prakara kang bener bakal pener lan prakara kang luput bakal seleh. Iki watak kasatriya sing patut ditiru. Ora gigrig lan wedi paukuman .
            Kacarita, Anoman diobong, nanging senajan dheweke sekti mandraguna, ora bisa kobong malah mencolot saduwuring kraton lan tekan ngendi-ngendi, Kraton dadi kobong kabeh. Prabu Dasamuka arep nyekel Anoman, nanging Anoman lolos lan kasil ketemu Prabu Rama maneh.

0 comments:

Post a Comment